Selasa, 22 Oktober 2013

Materi Khutbah Idul Adha 1434 H versi Bahasa Jawa



Khutbah Idul Adha 1434 H
Oleh Ahmadi

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الله أكبر 9×
اللهُ اَكْبَرُ كَبِيْراً وَالْحَمْدُ ِللهِ كَثِيْراً وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لاَإلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ اَكْبَرُ، اللهُ اَكْبَرُ وِللهِ الْحَمْدُ.
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ جَعَلَ الْيَوْمَ عِيْداً لِلْمُسْلِمِيْنَ، وَوَحَّدَنَا بِعِيْدِهِ كَأُمَّةٍ وَاحِدَةٍ، مِنْ غَيْرِ الأُمَم، وَنَشْكُرُهُ عَلَى كَمَالِ إِحْسَانِهِ وَهُوَ ذُو الْجَلاَلِ وَاْلإِكْراَمِ.
أَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ أَنْتَ وَحْدَكَ لاَشَرِيْكَ لَكَ، اللَّهُمَّ مَالِكَ الْمُلْكِ تُؤْتِي الْمُلْكَ مَن تَشَاء وَتَنزِعُ الْمُلْكَ مِمَّن تَشَاء وَتُعِزُّ مَن تَشَاء وَتُذِلُّ مَن تَشَاء بِيَدِكَ الْخَيْرُ إِنَّكَ عَلَىَ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ وَأَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُكَ وَرَسُوْلُكَ.
الَلَّهُمَّ صَلِّ وَاُسَلِّمُ عَلَى حَبِيْبِناَ المُصْطَفَى، الَّذِّي بَلَّغَ الرِّسَالَةْ، وَأَدَّى الأَمَانَةْ، وَنَصَحَ الأُمَّةْ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ دَعاَ اِلَى اللهِ بِدَعْوَتِهِ، وَجاَهَدَ فِيْ اللهِ حَقَّ جِهاَدِهِ.
اَمَّا بَعْدُ: عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ!
Kaum muslimin ingkang dipunmulyaaken Allah SWT,
Wonten wekdal puniko monggo tansah ngaturaken syukur kito dateng Allah SWT ingkang sampun paring nikmat ingkang kathah, arupi panjang umur, nikmat sehat lahir batin ingkang kasariro dateng kito sami,  tansah akur dateng sedulur, nikmat nagari ingkang gemah ripah lohjinawi, makmur subur sedoyo saget tinandur kanthi semulur, langkung-langkung nikmat agami Islam, puncaking kanikmatan gesang ingkang samangke mbekto manungso kebahagiaan hakiki dunyo dumugi akhirat.

Godong salam bumbune janganan, solawat salam kunjuk dateng manungso pilihan, Nabi Muhammad SAW, ingkang dados tuladaning titah saklumahing bumi, sakkureping langit, ingkang tansah kito antu-antu safa’atipun. Mugi-mugi ugi lumeber dateng keluarganipun, sedoyo sahabatipun, sarta penderekipun ingkang setyo tuhu gegesang sunah-sunahipun.

Allohu Akbar 3x
Wonten khutbah puniko kulo ngengetaken dateng kulo piyambak lumeberipun dateng sedoyo jamaah monggo kito tingkataken ketaqwaan kito dateng Alloh SWT, kanthi upoyo tanpo selo, terus tanpo ngagem leren, ningkataken ketaatan saho nebihi saktebih-tebihipun sedoyo awisanipun Allah SWT.

Allohu Akbar 3x wa lillaahil hamd,
Bapak, ibu, sederek sedoyo ingkang kulo hormati.

Idul Adha utawi Idul Kurban dados setunggaling ibadah tahunan ingkang rutin kito tindakaken sareng-sareng wonten wulan Dzulhijah. Wonten Dzulhijah meniko kathah ritual keagamaan ingkang dipun laksanaaken. Haji wonten Mekkah ingkang mampu, siyam arofah, takbiran, sholat id, soho penyembelihan kewan kurban.

Mestinipun kito sami saget mendet piwulang sedoyo pangibadahan wonten wulan puniko kangge kito trapaken sedoyo wulan sanesipun. Piwulang ingkang saget kito pendet antawisipun :


       1.    Nilai-nilai Syukur
“Innaa a’thoinaaka kautsar, fasholli lirobbika wanhar”(Setuhune Ingsun wus paring nikmat kang akeh, mongko sholato lan kurbanno karono pangeraniro). Mboten saget dipun pungkiri bilih sedoyo kebetahan kito Allah ingkang nyekapi kagem gesanging kito sami, mila saking puniko tentu syukur dateng Allah wajib hukumipun. Wujud syukur inggih kanthi sholat soho kurban. Kanthi sikap syukur puniko kito saget gesang kanthi tentrem, ugi masyarakat kito bade aman, sebab tiyang ingkang syukur tebih saking sifat tamak, rakus, iri lan drengki. Kekayaan ingkang saestu inggih puniko ati ingkang syukur “Laisan ghina ‘an katsrotil ghina, walaakinnal ghina, ghinannafsi” (Ora diarani sugih kanthi kathahing bondho, nanging sugih sejatine sugih atine/jiwane.)

      2.   Nilai-nilai Berkurban
Kurban saking tembung qoruba ingkang maknanipun cedak, parek, cerak. Dados kurban meniko usaha supados kito cerak dateng Allah SWT. Pramilo sedoyo ibadah ingkang kito tindakaken kedah ingkang paling sae. Kito dipun awisi kurban kanthi kewan ingkang lelaranen, cacat, dereng cekap umur.
Bongso kito saget mardiko awit pengorbanan para pahlawan, negari saget majeng menawi sedoyo, pejabat, rakyat, konglomerat, teknokrat, birokrat, nggadahi sifat rela berkurban, kepentingan masyarakat ingkang dipunpentingaken nglangkungi kepentingan diri pribadi, kluargo lan golongan.
Ananging ironisipun sakmeniko kito nyekseni drama kehidupan ingkang miris ati kito sami. Wonten istilah Trias Koruptika, korupsi sampun mlebet dateng eksekutif, legislatif ugi yudikatif. Ingkang mestinipun negakaken hukum, justru korupsinipun edan-edanan mboten namung jutaan, milyaran nanging ngantos trilyunan. Kamongko Alloh sampun ngengetaken kito sami “Wailul likulli humazatil lumazah, alladzi jama’a maalaun wa’addadah” (Ciloko tumrap pengumpat lan pencela, ingkang ngunpulaken  bondho lan ngetung-etung), awit biasanipun tiyang ingkang ngumpat menawi kelong bandanipun lan seneng nyacat soho ngremehaken tiyang sanes ingkang dipun anggep miskin.

Pramilo monggo watak korupsi meniko kito icali saking pagesangan kito sami kanthi ngedepanaken sikap rela berkurban.

   
       3. Nilai Ketaatan
Wonten ibadah Kurban meniko ugi nguji dateng kito sami tingkat ketaatan dateng Allah SWT, kados dene Nabi Ibrohim ketaatanipun dateng Gusti Allah mboten dipun sangseaken maleh, Kito saget nyonto ketaatan Nabi Ibrohim nglangkungi raos tresnanipun dateng putranipun. Bilih namung Allah ingkang dipun taati.
وَمَا كَانَ لِمُؤْمِنٍ وَلَا مُؤْمِنَةٍ إِذَا قَضَى اللَّهُ وَرَسُولُهُ أَمْراً أَن يَكُونَ لَهُمُ الْخِيَرَةُ مِنْ أَمْرِهِمْ وَمَن يَعْصِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ ضَلَّ ضَلَالاً مُّبِيناً ﴿٣٦﴾
“Ora pantes tumrap wong mukmin lanang lan mukmin wadon, nalikane Allah soho utusane wus nemtoake perkoro, ora ono pilihan tumrap wong akeh saking urusane, lan sing sopo wonge durakani Allah lan utusane temen sasar, sasar kang nyoto.” (Al-Ahzab 36)

Sewalikipun kathah sakmeniko kito pirsani kathah tetiyang ingkang langkung taat dateng nafsunipun tinimbang taat dateng Allah, Allah dipun kiwaaken mboten dipunpentingaken, sahinggo kathah pelanggaran hukum, kados-kados Alloh mboten mirsani ingkang mekaten, kamongko wonten ngarsanipun Gusti Allah dipun catet kanthi rapi dening Malaikat Raqib lan ‘Atid.
“Ma yalfidzu min qoulin illa ladaihi roqiibun ‘atiidun” (ora ono sewijining ucapan kejobo ono catetan ono pengawasan kang cerak/roqib ‘atid)

      4.  Nilai-nilai kasih sayang.
Wonten ibadah kurban ugi ngemot nilai kasih sayang, kasih sayang nggadahi pangertosan menehi sae ingkang awujud barang utowo materi ugi ingkang awujud sanes barang/non materi. Agami Islam meniko dipun tegakaken kalih perkawis inggih kasih soho sayang. Kanthi ibadah kurban mestinipun nuwuhaken perhatian kito dateng sesami, kito ngraosaken sakalangkung nikmat menawi saget mbiyantu tiyang sanes. Ananging kito tingali kathah sakmeniko tiyang-tiyang ingkang tegel mirsani seduluripun samsara, bongsonipun dipungadeaken, rakyat nanggung utang ingkang kathah kamongko ingkang menikmati namung sekedik elit bongso puniko. Monggo kanthi momen kurban tahun puniko pinongko ningkatipun raos kasing sayang kito dateng sesami.
“Laa yu’minu ahadukum hattaa yuhibbu liakhiihi kamaa yuhibbu linafsihi” (Ora den arani wong iman, menowo durung tresno maring sedulure koyodene tresnane marang awake dhewe.)
“Man laa yarhamu, falaa yurhamu” (Wongkang orang nyayangi ora bakal disayangi)

  
      5. Nilai Ekonomi lan Kemakmuran
Kanthi ibadah kurban soho haji wekdal puniko ugi mujudaken kegiatan ekonomi ingkang ageng nglibataken sedoyo unsur masyarakat, sae petani, pengusaha, pemerintah lan sanesipun. Kanthi kurban mestinipun tiyang Islam majeng babagan peternakanipun, teknologi penyimpanan daging, ilmu gizinipun, tiyang Islam ugi mestinipun majeng babagan transportasi, sahinggo saget ngangkut jamaah haji kanthi lancar lan aman.

Allohu Akbar 3x
Sagung jama’ah ingkang berbahagia.

Mekaten ingkang saget kulo aturaken wonten khutbah wekdal puniko,
Ibadah paling penting sholat, langkung sae menawi berjama’ah
Mugi khutbah puniko mbekto manfaat, dateng kulo piyambak lan tiyang kathah.

Parangtritis sakwetan samas, asin banyune segoro.
Menawi wonten ingkang kirang titis soho kirang pas, kulo nyuwun pangapuro
اَللّهُمَّ صَلِّى وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَ اَصْحَابِهِ والحمد لله رب العالمين.
اللّهُمَّ اغْفِرْ لَنَا وَلِوَالِدَيْنَا وَارْحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيَانَا صِغَارًا، أَللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ ،
اَللّهُمَّ يَا مُنْـزِلَ الْكِتَابِ وَمُجْرِيَ الْحِساَبِ وَمُحْزِمَ اْلأَحْزَابِ اِهْزِمِ اْليَهُوْدَ وَاَعْوَانَهُمْ والَصَلِّيْبِيِّيْنَ الظَّالِمِيْنَ وَاَنْصَارَهُمْ وَالرَّأْسُمَالِيِّيْنَ وَاِخْوَانَهُمْ وَ اْلإِشْتِرَاكَيِّيْنَ وَالشُيُوْعِيِّيْنَ وَاَشْيَاعَهُمْ وَنَسْأَلُكَ اللَّهُمَّ تَحْرِيْرَ بِلاَدِ فَلَسْطِيْنِ وَاْلأَقْصَى، وَالْعِرَاقِ، وَالشَّيْشَانَ، وَأَفْغَانِسْتَانَ، وَسَائِرِ بِلاَدِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ نُفُوْذِ الْكُفَّارِ الْغَاصِبِيْنَ وَالْمُسْتَعْمِرِيْنَ.
اَللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَ التُّقَى وَ الْعَفَافَ وَالْغِنَى نَاتِجَةً مِنْ صِيَامِنَا وَ اجْعَلْهُ شَافِعًا لَنَا يَوْمَ الْقِيَامَةِ.
اَللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ دَوْلَةَ الْخِلاَفَةِ عَلَى مِنْهَاجِ النُّبُوَّةِ تُعِزُّ بِهَا اْلإِسْلاَمَ وَاَهْلَهُ وَتُذِلُّ بِهَا الْكُفْرَ وَاَهْلَهُ، وَ اجْعَلْناَ مِنَ الْعَامِلِيْنَ الْمُخْلِصِيْنَ بِإِقَامَتِهَا بِإِذْنِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.
اَللَّهُمَّ أنْجِزْ لَنَا مَا وَعَدَنَا عَلَى رَسُوْلِكَ مِنْ عَوْدَةِ الْخِلاَفَةِ الرَّاشِدَةِ عَلَى مِنْهَاجِ نَبِيِّكَ، وَاجْعَلْنَا، وَذُرِيَّاتِنَا مِمَّنْ أَقَامَهَا بِأَيْدِيْنَا..
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَاِنْ لَمْ تَغْفِرْلَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّا مِنَ الْخَاسِرِيْنَ، اَللَّهُمَّ تَقَبَّلْ مِنَّا دُعَائَنَا إِنَّكَ أَنْتَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ وَتُبْ عَلَيْنَا اِنَّكَ اَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ.
رَبَّنَا لاَ تُؤَاخِذْنَا اِنْ نَّسِيْنَآ أَوْ اَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلاَ تَحْمِلْ عَلَيْنَآ اِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلاَ تُحَمِّلْنَا مَالاَ طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْلَنَا وَارْحَمْنَا اَنْتَ مَوْلاَنَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَاِفِرِيْنَ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ، وَسُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
اللهُ أَكْبَرْ اللهُ أَكْبَرْ اللهُ أَكْبَرْ وَللهِ الْحَمْدُ
والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته

Tidak ada komentar:

Posting Komentar