Good personality is better than wealth, position , name of the famous , many friends , etc .
Senin, 25 Maret 2013
SELAMAT OPO DILAKNAT ? Oleh Ahmadi Urip ing jagat, pancen singkat, ngati-ati lan kang cermat, ninggalno sembrono ojo waton nekat, mituhu piwulang kanthi kebak ing taat, piwulang Al-Qur’an kang kebak hikmat. Ojo dumeh pejabat, dhuwur ing pangkat, banjur supe sholat, keporo malah khianat, demen nglarani rakyat, benere rakyat kudu taat marang pejabat kang amanat. Ora rakyat, ora pejabat, yen demen laku jahat, seneng laku maksiat, marang Alloh ora taat, marang sapodo-podo ora hormat, sugih bondo ora zakat, wajibe ngaji ora mangkat, sakwise tuwo stroke kumat, ora gelem tobat, banjur mati tamat ing riwayat, besuk ing akhirat, pinaringan laknat, disiksa dening malaikat, larane ora mekakat, ora podo kuat, isane amung sambat, orang mati amung sekarat, saklawase ora kendat. Pancen menowo wong kang ora pikantuk hidayat, uripe sasar lan sesat, senenge ninggalke sholat, krungu pengajian malah jingkat-jingkat keporo minggat, rugi donyo lan akhirat. Sewalike, Wong kang bagus, tembe buri selamat, ing donyo giat, mring Alloh taat, mring sepodo-podo hormat, ngibadahe ora kendat, ora ono sing kliwat, wektu longgar utowo wektu gawat darurat. Yen mengkono iku, besuke bakal mlebu suwargo kang kebak nikmat, dhahar ngunjuk sarwo lezat, disediake widodari kang edi peni cantik memikat, kendaraane buroq sing cepat koyo kilat, diparingi panggonan kang matingkat-tingkat, ora loro tansah sehat, saklawase ora kendat. Sederek sedoyo, mengkono nasibe manungso ing jagat ono sing selamat dan ono sing dilaknat. Pleret, 10 September 2000SELAMAT OPO DILAKNAT ? Oleh Ahmadi Urip ing jagat, pancen singkat, ngati-ati lan kang cermat, ninggalno sembrono ojo waton nekat, mituhu piwulang kanthi kebak ing taat, piwulang Al-Qur’an kang kebak hikmat. Ojo dumeh pejabat, dhuwur ing pangkat, banjur supe sholat, keporo malah khianat, demen nglarani rakyat, benere rakyat kudu taat marang pejabat kang amanat. Ora rakyat, ora pejabat, yen demen laku jahat, seneng laku maksiat, marang Alloh ora taat, marang sapodo-podo ora hormat, sugih bondo ora zakat, wajibe ngaji ora mangkat, sakwise tuwo stroke kumat, ora gelem tobat, banjur mati tamat ing riwayat, besuk ing akhirat, pinaringan laknat, disiksa dening malaikat, larane ora mekakat, ora podo kuat, isane amung sambat, orang mati amung sekarat, saklawase ora kendat. Pancen menowo wong kang ora pikantuk hidayat, uripe sasar lan sesat, senenge ninggalke sholat, krungu pengajian malah jingkat-jingkat keporo minggat, rugi donyo lan akhirat. Sewalike, Wong kang bagus, tembe buri selamat, ing donyo giat, mring Alloh taat, mring sepodo-podo hormat, ngibadahe ora kendat, ora ono sing kliwat, wektu longgar utowo wektu gawat darurat. Yen mengkono iku, besuke bakal mlebu suwargo kang kebak nikmat, dhahar ngunjuk sarwo lezat, disediake s0
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar